Kamis, 16 Mei 2019

CRIKAK (RIPTANKU ING CANDIKALA) SURUPING MEGA ING PUNGKASE PANGRASAKU



Assalamu’alaikum, kanca-kanca.
Ditepangake disik aku Yuyun. Ing wektu iki, aku mung pengin andum pengalaman nulisku. Saiki aku wis lungguh ing semester 6 Pendidikan Basa Jawa FKIP UNS.
Oke, emmm… aku bingung ameh miwiti saka ngendi.

Dadi, aku lumayan seneng nulis, nulis crikak, nulis geguritan, nulis berita, nulis story, nulis status, nulis sms, nulis WA, nulis materi, nulis...... Ya pokoke aku seneng nulis lah. Jane aku seneng nulis wis kawit SMA, tapi agi-agi iki aku temenan olehku nulis. Kebetulan banget, tanggal 5 Mei wingi crikakku dipacak ing salah sawijining majalah basa Jawa, Djoko Lodang. Crikakku iki wis tak tulis suwe banget, tapi lagi dimuat minggu wingi. Amarga nalika ngirim ing majalah ngono iku antrine uaaakiiiihhhh buanget sumpah :( . 
Jan jane ta, iki crikakku sing nomer loro sing dipacak neng majalah, tapi aku pengen mosting sing iki wae, hehe.

Langsung wae rasah nunggu suwe-suwe, merga nunggu suwe iku gak kepenak, hmm.
Iki crikakku teng tereng tereng............. Sorry ya menawa garing, aku dudu pelawak😓
aja diguyu, merga iki ya lagi sinau :( 😍



Suruping Mega ing Pungkase Pangrasaku

Nalika mega ing akasa padha mamerake sumorot emas ing sisih wetan, aku mlaku ing pinggir trotoar dalan gedhe ing sacedhake kampusku. Angin surup wus anyak tumeka. Warna jingga ing sawetane cakrawala uga melu nyekseni kedadeyan iku.
Aku ngingeti pawongan lanang klamben hem ireng lan wong wadon kang ayu rupane. Wong loro iku agi omong-omongan sajak serius. Wong wadon kuwi nganggo klambi abang lan kathok jeans werna biru dhongker. Kekarone katon padudon. Saya suwe, jebul langkahku sansaya cedhak marang wong loro iku.
“Aku ora ngerti apa-apa, pokoke awakmu kudu tanggung jawab!” kira-kira ngono omongane wong wadon iku.
“Aku uga ora nglakokne apa-apa. Wengi kae awakku lagi ora penak. Dadi awakmu ora usah nuduh lan nuntut aku sembarangan tanpa bukti!” piwalese wong lanang iku.
Krungu iku, aku kaget banget. Dudu kaget amarga apa kang lagi diomongake wong loro iku, ananging aku kaget nalika wong lanang iku ngingeti aku lan aku… “Mas Endro?” pitakonku ndadak.
“Dhik, Dhik Lastri… awakmu ngapa eneng kono?” pitakone sing swarane malih samar-samar ing kupingku. Sanalika aku langsung mbalik lan mlayu saka papan kuwi. Dene wong wadon klambi abang mau katon bingung lan nakokake aku ki sapa. Keprungu adan Magrib aku langsung mlayu menyang kamar mandi ing masjid, nangis, lan sabanjure nglakoni kawajibanku minangka titahing Gusti.
Ora ngira, jebul Mas Endro karo wong wadon mau nututi aku. Ananging aku wegah nemoni. Sakbubare salat, aku lunga ngono wae ninggalake wong loro mau ing ngarep masjid. Aku ora nyana, jebul Mas Endro tega nguciwakake atiku. Aku sing wis pirang-pirang taun pacaran karo Mas Endro, kanti gampange Mas Endro cidra marang aku.
“Dhik, mandheko! Iki ora kaya sing kokpikir. Aja salah tampa, Dhik!”
“Wis ora perlulah Mas njelasne apa-apa. Aku wis krungu kabeh mau. Ora ngira aku Mas awakmu tega, apa meneh nganti nglakoni… ah… wislah Mas. Bejat banget awakmu. Jaremu apa? Minggu ngarep awakmu meh ngapa? Batalne wae!” aku mangkel, ora bisa mikir kanti cetha maneh. Aku ngingeti pawongan loro iku, wong wadon mau isih neng kono. Dheweke takon marang Mas Endro, lan Mas Endro njelasne menawa aku ki kakasihe ananging kanti ati-ati lan katon wedi diamuk dening wong wadon mau. Ngingeti Mas Endro sing kaya mangkono, aku mangkel.
Aku banjur mlayu menyang ndalan saprelu nyegat angkot. Aku gage mlebu ing angkot kuwi. Saka kaca spion, katon Mas Endro mlayu-mlayu lan isih padudon karo wong wadon mau. Mas Endro ngendhek ojek lan nggacar angkot sing tak tumpaki mau, ngebut banget. Sopir angkot bingung lan nakoki aku apa ana perlu karo aku, tak wangsuli, “boten pak, boten sah mandhek.”
Nalika angkot arep ngliwati prapatan, ojeke Mas Endro katon cedhak banget, ing sisih kiwa angkotku jebul ana trek sing playune ngebut banget. Sanalika aku krungu swara rem kang banter banget lan swara mak brakkkkk. Pandelengku abu-abu, saya suwe saya ilang, ing batin aku kandha… Mas Endro…
Ing rumah sakit, aku ngerti ana wong wadon mau, bapak ibuke Mas Endro lan keluwargaku. Kabeh padha nangis gero-gero. Aku bingung, ana ngendhi Mas Endro? Pikiran ku uwis ora karuan. Aku bisa anyak rada tenang nalika wong wadon mau miwiti crita.
“Kula nyuwun ngapunten, Bu. Kula Raras, rencange Mas Endro ing kampus. Kula nyuwun ngapunten menawi amargi kula, Mas Endro lan Mbak Lastri dados salah paham. Dinten Senin dalu wingi, kula wonten praktik ing kampus. Tiyang 10 kalih Mas Endro lan dosen kula. Mas Endro jumeneng ing sandhing kula lan sandhing kula wonten cairan-cairan kimia. Kula kirang mangertosi kengeng punapa kok ndadhak Mas Endro nyenggol kula. Sanalika kula langsung ambruk lan nyenggol cairan-cairan punika ngantos kutah lan nyebabake kebakaran ing ruangan laborat. Kula nggih boten ngertas punapa-punapa. Ndelalah wingi, rencang kula Ibnu mpun njelasaken dateng pulisi menawa dheweke kang nyebabake masalah punika. Ibnu kakean gojek ing ruangan lan boten saged ngontrol polah awake saingga nyenggol Mas Endro lajeng Mas Endro nyenggol kula lan kula nyenggol cairan bahaya wau.” Raras njlentrehake kanti rasa salah lan matane kaca-kaca.
Aku nangis, aku uga ngrasa salah wis nuduh Mas Endro sing ora-ora lan suuzon marang Mas Endro uga marang Raras. Aku bacut nibakake awakku ing kursi ngarep ruangan oprasi ing rumah sakit. Wong-wong iku padha meneng wae marang aku.
“Ibu, Mas Endro pundi, Bu? Kahanane Mas Endro pripun, Bu?” pitakonku ora bisa ndelikake tangisku. Nanging ibu meneng wae. Aku takon marang ibuke Mas Endro uga padha, ora ana saurane.
Dhokter metu saka ruangan lan ndhungkluk katon rasa sedhih ing netrane.
“Ngapunten. Bu. Putra panjenengan boten saged dipuntulung malih. Sabar nggih, Bu.” Ah, ora mungkin Mas Endro ninggal.
“Mas Endro arep nglamar aku minggu sesok. Ora, Mas Endro ora etok ninggal!” aku nangis kejer. Wong tuwaku, wong tuwane Mas Endro luwih kejere saka tangisku. Kabeh padha ngrangkuli ibukku. Dene Raras uga melu nangis lan ngucapake, “Sabar, Bu. Mugi putrane panjenengan saged tinampi ing ngarsanipun Gusti.”
Aku isih urung bisa nampa kasunyatan yen Mas Endro wis ninggalake aku salawase. Aku ndhungkluk, nutupi raiku nganggo tanganku supaya swara tangisku bisa suda bantere. Ujug-ujug ana swara playu lan napas sing ngos-ngosan nyedhaki kabeh wong ing kene.
“Bu, Dhik Lastri pripun, Bu?” pitakone marang ibuku sing njalari aku bingung?
“Sing sabar ya, Le. Lastri wis ditimbali dening Gusti.” Wangsulae ibuke Mas Endro. Wangsulan iku agawe Mas Endro katon arep ambruk lan agawe aku langsung ngadhek mak nyat.
“Ora, ora Bu! Lastri bisa slamet, Bu! Iki kabeh salahku! Salahku, Bu! Aku ora bisanjaga Lastri! Salahku, Bu! Dhik Lastriii…” tangise Mas Endro, banyu bening mili deres saka pojok netrane. Dene kabeh uwong mau padha nututi jenazah sing disurung ing kasur lan parane ing kamar jenazah. Nalika Mas Endro mbukak kain sing nutupi jenazah kuwi, aku ngerti. Jebul, aku sing ninggalake Mas Endro lan keluwargaku. Aku gela, gela banget. Aku gela ora gelem ngrungokake penjelasane Mas Endro nalika kae.
Aku mung bisa ngingeti lan ngrungokake tangise Mas Endro lan keluwargaku. Aku ndrodhok, bingung kudu piye. Wayahe wis surup ngene ananging cakrawala katon padhang, sumorot bagaskara agawe sulap netraku, tangise keluwargaku agawe trenyuhing nalaku. Waspa sing mili kadya swara udan sing tinampi dening bumi. Gusti, tulung jaganen keluwarga lan Mas Endro. Tak pasrahake marang keluwargaku, kepiye aku bakal dieling-eling. Mas Endro, tak pasrahke mring sliramu, kepiye kowe bakal nglilakne aku. Aku lunga.

 CUTHEL:)
 T A M A T

Nah. saiki sapa sing durung ngerti majalah Djaka Lodang? Majalah Djaka Lodang yaiku minggon Basa Jawa sing terbit saben dina Setu. Redaksi majalah iki ana ing kutha Yogja. Para kanca bisa mirsani profil majalah Djaka Lodang ing kene

Para kanca, saliyane nulis crikak, ana kaprigelan liya kang isih ana sesambungane karo crikak, yaiku maca crikak. Sing dakmaksud iki dudu sembarang maca, ananging uga nggatekake pocapan, pelafalan, intonasi, lan liya-liyane, nah para kanca bisa nonton tuladha pamaosan crikak ing kene. Mangga dipirsani:) ing ngisor iki aku uga maringi tuladha pamaosan crikak dening sumber sing bedha, ayooo check it out :D

CRIKAK (RIPTANKU ING CANDIKALA) SURUPING MEGA ING PUNGKASE PANGRASAKU

Assalamu’alaikum, kanca-kanca. Ditepangake disik aku Yuyun. Ing wektu iki, aku mung pengin andum pengalaman nulisku. Saiki aku wis lu...